Jumat, 10 Desember 2010

pidato jowo

Assalamu”alaikum

Nuwun sewu

Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah SMA Negeri 11 Purworejo ingkang kulo hormati, Bapak ibu guru miwah staf karyawan - karyawati SMA N 11 Purworejo imgkang kulo kurmati, mboten katalumpen kadang - kadang kula siswa siswi SMA n 11 Purworejo ingkang winantu karaharjan.
Minangka murwakaning atur kulo, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayatinipun, kula lan panjenengan kaparingan wekdal angrwuhi pengetan dinten kamardikan, kanthi kawilujengan, kasarasan miwah kabahagyan.
Panjenenganipun para tamu undangan ingkang kulo hormati, ing ngriki kula minangka pangarsa pangurus OSIS SMA N 11 Purworejo, ngaturaken wilujeng rawuh saha ndherekaken lenggah ingkang sekeca.
Wonten ing pengetan meniko badhe dipun wontenaken lomba “CERDAS CERMAT ANTAR KELAS” ing pangajab ningkataken prestasi pasinaonipun siswa – siswi SMA N 11 Purworejo. Kegiatan menika badhe kapendhet juara I,II,III, ingkang ngrebataken piala Bapak Kepala Sekolah SMA N 11 Purworejo. Dene kegiatan menika badhe kaadani wiwit tanggal 10 – 15 Agustus 2010. Peserta cacah wonten 30 kelompok, ingkang kapendhet saking saben kelas satunggal kelompok. Mugi – mugi kanthi kegiatan menika saged andadosaken SMA N 11 Purworejo langkung kuncara ing madyaning pendidikan.
Salajengipun kaparenga kula matur babagan kegiatan menika, kula ngaturaken agenging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah, Bapak ibu guru saha sadaya staf karyawan Tata Usaha SMA N 11 Purworejo ingkan sampun maringi wekdal lan nyengkuyung kegiatan.
Pramili kula minangka pangarsa OSIS SMA N 11 Purworejo nyuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah supados angresmekaken kegiatan menika.
Mbok bilih kathah anggen kula matur, wasana wonten klenta – klentunipun atur, kula nyuwun pangapunten.
Matur Nuwun

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar